Riyan cepet-cepet mlayu mulih nalika
bel sekolah muni, srengenge awan kang panase kaya banyu umum kang langsung di
ombe ora ngendekake mlangkae Riyan. Sakwise tekan ngomah Riyan banjur ganti
klambi lan mangan awan. Ora butuh wektu suwi riyan wis langsung nata aqua,
jajan, tisu,kanggo di dol menyang terminal.
Langkae Riyan cepet,
sak tuuan sing di sawang golek duit kanggo nerusne sekolae kang terancam
mandheg amarga wis telung sasi ora bayar SPP.
“Pak Aqua-Aqua, Kacang
,Tisu !!.” Riyan nawakne dagangane.
Dheweke sabar ngelayani wong sing tuku.
Saka siji bis menyang bis liyane. Ngonoa pagawean Riyan saben dinane. dodolan
neng terminal. Kabeh kuwi dikerjakne dheweke kanthi seneng, ikhlas lan rasa
kebak tanggung jawab.
Dina terus mlaku am uga ora tau
mandeng detik kang mburu riyan nyelot cepet mlaku neng mburine , Riyan terus
mikir piye carane ndang oleh duit bu guru wis nagih maneh lek ora ndang di
bayar Riyan ora isa melu ujian semester.
Riyan
lagi mlaku mulih, dumadakan dheweke dikagetke karo siji barang. Barang kesebut
yaiku bungkusan plastik arupa ireng. Riyan dadi ndredek. Barang apa kuwi?
Dheweke ragu-ragu lan rumangsa keweden amarga akhir-akhir iki kerep kedadean
peledakan bom nengendi-endi. Riyan kuwatir barang kuwi yaiku bungkusan bom.
Nanging akhire, dheweke nyoba mbukak
bungkusan kesebut. Katon neng jero bungkusan kuwi ana siji kardus. “Wah, apa
isine ini?’’ pitakone neng njero ati. Riyan cepet mbukak bungkusan kanthi
ngati-ati. Kagete dheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo
liyane. “Wah apa ini?” Pitakone njero ati. “duwe sapa, ya?” Riyan molak-walik
ali-ali lan kalung sing ana neng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga
ana kertu kredit neng jerone. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Meskae pisan pak Alif
, rupane dheweke wis kemalingan.”Batine neng njero ati.
Apa
sing dikiraknekne Doni kuwi pancen bener. Omah pak Alif wis kelebonan maling
mau bengi. Amarga maling kesebut kesusu, bungkusan panganggo sing wis
dikumpulake dheweke tiba neng ndalan. Riyan kanthi cepet mlayu mae Pak Alif.
Dheweke nyeritoke apa sing kedadean lan dheweke temokake. Ebo senenge pak Alif
amarga panganggo duwe bojone wis bali. Dheweke bersyukur banget, panganggo kuwi
tiba menyang tangan wong sing jujur.
Dadi
ucapan matur nuwune, pak Alif menehake duit kanggo duit SPP Riyan , pak Alif
ngerti Riyan butuh duit amarga Pak Alif salah sijine waka ing sekolahane Riyan.
Akhire Riyan dibiayai kabeh sekolae sampek lulus , sakliyane kui Riyan nyatune
bocah pinter, ora tau mbolos lan disiplin. Amarga kui Pak Alif gelem mbantu
Riyan sampek lulus
# Cerkak Basa Jawa
This comment has been removed by a blog administrator.
ReplyDeletethis sex chair,dildo,horse dildo,dildo,horse dildo,dildos,dog dildo,realistic dildo,real dolls More hints
ReplyDelete